Senin, 16 Maret 2015

REMIDI UTS BAHASA DAERAH

logo tarakanita 2.jpg

     NAMA                          :...................................................................................

     KELASS/NO. ABSEN :...................................................................................

REMIDI ULANGAN TENGAH SEMESTER (UTS)
GENAP – TH. PELAJARAN 2012/2013
MATA PELAJARAN
KELAS
HARI, TANGGAL
WAKTU
BAHASA DAERAH

VIII


35    menit

         WANGSULANA KANG PATITIS!
Tandur Pari: Saiki  Wis Owah Gingsir Tatacarane

          Jaman samana, sadurunge tandur kawiwitan dianakake upacara miwiti, slametan kanggo nyuwun marang Dewi Sri supaya anggone nandur pari ora kena ama lan alangan. Wujude slametan ingkung, tumpeng, sarta sauntara sesaji liyane.
          Cecawisan pangan mau awujud brondong beras, bubur abang, kupat, lan lepet. Brondong lan bubur abang sing disugetake ngemu teges kanggo bedhamen karo para roh. Dene, kupat lan lepet dipakakake kebo lan sapi supaya lemu maneh sawuse pirang-pirang dina diperes tenagane kanggo mluku. Pojok sawah telung panggonan didelehi boreh wangi lan bubur katul sarta ditancepake godhong aren lan pupus gedhang.
          Tandur rampung, banyu ing sawah dilerem sajroning telung dina amrih oyot pari kuwat.

1.   Kanggo bedhamen karo para roh ing slametan digunakake ubarampe ....
a.    kupat lan lepet                                           c. brondong lan bubur abang
b.    kembang setaman                                      d. brondong beras lan lepet
2. Pojok sawah telung panggonan didelehi ubarampe ….
a.    tumpeng lan ingkung                                 c. kupat lan lepet
b.    boreh wangi lan bubur katul                                  d. sajen lan cok bakal
3. Kebo lan sapi supaya lemu maneh sawuse diperes tenagane kanggo mluku  dipakani ....
a.    kembang setaman    b. brondong              c. bubur abang             d. kupat lepet
      4.Sadurunge tandur kawiwitan dianakake slametan ….
a.    brokohan                   b. keleman               c. ngilir                                    d. miwiti
     5.Tandur rampung, banyu ing sawah dilerem sajroning telung dina amrih ....
b.    pari ora garing                                           c. ora dipangan tikus
c.    tahan ama                                                  d. oyot pari kuwat

    6. Isinen titik-titik ing ngisor iki nganggo tembung sing cocog saengga dadi ukara kang     
           bener!
     (Skor 3)
     a. Bimasena iku satriya sing gagah ....
     b. Dhasar bocah rai..., wis ora nggarap PR, diterangake rame dhewe.
     c. Wong tuwamu nyambut gawe direwangi adus ... ,kowe sing diwragadi sekolah malah
         sakepenake dhewe.
8. Tembung-tembung entar iki terangna tegese! (Skor 4)
    a. padhang pikire                       b. peteng atine             c. jembar segarane       d.dawa tangane
   
9.Gawea tuladha ukara loro-loro wae! (Skor 6)
    a.Ukara tanduk mawa lesan        b.Ukara tanduk tanpa lesan                  c.Ukara tanggap






Tidak ada komentar:

Posting Komentar